Mrengut

Seloso tanggal pitu januari wingi kae aku ngejak ibuk ning pasar. Nduwengaren ya, biasane khan ibuke sing ngejak anake, lha iki malah kulawik, eh, kuwalik, anake sing ngejak ibuke ning pasar. Maklum aku wis suwe (mungkin wis sepuluh tahun) gak ning pasar. Pingin ngerti njerone pasar sing saiki.

Tibake pasar wage Nganjuk saiki wis dibangun lumayan. Sing penting gak jeplok ning sikil. Nek bakulane sih jik podo wae.

Aku karo ibukku budal ning pasar numpak sepeda ontel. Ibukku numpak United sing enek goncengane karo keranjange. Aku numpak United Dominate sing ora enek slebore. Dadi nek dalane enek banyune, mesti nyiprat ning gegerku. Untunge isuk kae ra udan.

Paling sekitar limang menit, wis teko ning pasar. Aku karo ibukku markir sepeda disik. Trus mlebu pasar karo mlaku.

Aku melu-melu milih lombok. Maksude melu ngrusuhi. Haha. Jare ibukku, dino iki uwakeh sayuran, wingi jarene ra enek sayur blas. Trus aku ngomong ngene, “Pasare palingo suweneng Buk, tak dolani. Mangkane kedatanganku disambut karo sayuran sing akeh.. “

“Halah, sayure lo wis teko sak durunge awakmu tangi turu..”

Hahaha he eh ya. Khan bakul ning pasar kuwi jam papat isuk wis ruwame dodolan. Padahal aku jik molor. Malah kadang lagek budal turu. Haha.

Aku wis siap-siap nggowo duik. Soale aku yo kepingin tuku mbok menowo enek sing kepingin dimasak dino iki. Trus aku ngejak ibuk golek iwak pitik. Tuku limolas ewu. Suwiwi tok. Entuk pitu. Soale aku pancen seneng suwiwi. Ben iso miber. Haha.

Trus aku mbayangne, bar mangan iwak pitik, enake mangan roti. Trus aku tuku roti ning bakul roti. Bakule enek loro. Sisih kiwo karo tengen. Adep-adepan. Tapi mbuh kok sing rame cuma sing sisih tengen. Aku melu-melu wong liyane to. Nggerundel ning bakul roti sisih tengen.

Bar tuku roti, aku ngrasani bakul roti sing sisih kiwo. “Buk, kuwi bakule sing sitoke kok sepi? Nyapo ya?”

“Bakule mrengut!”

mrengut

Mrengut. Diperankan oleh model.

Aku ngguyu.. Trus ibukku nerusne nek omong..

“Kadang nek pelanggane rasido tuku, trus pindah ndelok roti bakul ngarepe, bakule sing kiwo kuwi nggremeng ae.. Ra seneng..”

Owalaaah, cuman gara-gara mrengut karo nggremeng ae kok iso dadi ra payu ya? Biyuh, iki iso dadi pelajaran ya.

Pancen nek tak titeni, senajan regane podo, bakul sing laris ning ndi wae, mesti pelayanane apik. Bakule sumeh. Timbangane anget, artine, nek nimbang gak perhitungan nemen-nemen. Abot sitik, wis rapopo.

Nah kuwi nek bisnis offline alias iso petukan, iso demek-demekan, iso mesem-meseman. Haha. Lha nek bisnis online piye? Piye carane ben payu?

Yo podo ae asline. Intine ki coro dodole kudu enek manfaate. Misale dodolan kaos online. Ben sing tuku seneng, kek ono bonus setiker, utowo tas kaose sing iso digawe adah sabun utowo odol nek pas lungo adoh.

Manfaate nek iso yo kedua belah pihak to. Misal kontes review, khan bermanfaat kanggo sing dodolan kaos, karo blogger melu seneng entuk hadiah kaos, nek menang. Haha. Khan bloggere dadi entuk bahan nulis blog, sekalian blajar nulis. Woh, isine manfaat tok khan?

Wis ah. Ojo mrengut ae ya. Mrengut raenek manfaate blas. Mending mesem ae. Mesem marai ati adem. Pokoke ojo mesam-mesem ae, ben gak dikiro wong mendem.

______________

Tafsir tulisan di atas menurut Kyai Ganteng Muhammad Ali mudzofar:

Aku dan ibuk pergi ke pasar. Trus ketika bertemu penjual roti, aku heran kok penjual roti yg ini sepi pembeli ya? Sementara penjual yang ini, yg sama-sama jualan roti, kok rame.

Ternyata ibukku bilang kalau penjual yg gak laku itu suka cemberut kalau jualan. Trus kalau pembelinya pindah ke penjual roti di depannya, suka ngedumel gitu. Pembeli jadi risih khan.

Dari situ bisa ditarik hikmahnya, yaitu selalu senyum dan melayani pelanggan dengan baik dan hati senang. Supaya pelanggan merasa nyaman dan senang juga beli di tempat kita gitu.

Kok tafsirnya dikit?

Suka-suka saya dong ah. Haha.

Tags:
76 Comments

Leave a Reply to NaufalCancel reply